Wolung dinten ndungkap riyaya sedaya pandandosing infrastruktur margi
ing Kabupaten Temanggung sampun dipun lereni. Kanthi mekaten sedaya
margi ing Kabupaten Temanggung samekta dipun ginakaken kangge arus mudik
menapa dene balik riyaya taun kalih ewu kalih welas menika.
Bab kasebat dipun andharaken dening Kasatlantas Polres Temanggung,
AKP Mariyadi nalika dipun panggihi sakathahing juru warta salebeting
mertinjo pasamektan margi ing Kabupaten Temanggung ndungkap arus balik
saha mudik riyaya taun kalih ewu kalih welas menika.Kasatlantas nelakaken meh sedaya proyek pandandosing margi ing Kabupaten Temanggung sampun rampung. Ingkang dereng rampung namung cacah setunggal, inggih menika ing ratan ageng Semarang-Magelang peneripun ing Kecamatan Pringsurat ingkang panci dereng rampung dipun garap, ananging ing dinten menika sampun dipun lereni. Sakathahing rambu ing sauruting margi ugi sampun dipun pasang kanthi sae ing ratan nasional, propinsi menapa dene ratan kabupaten. Kakinten jejel riyenipun badhe nggayuh puncakipun ing kalih dinten ngantos tigang dinten saderengipun riyaya. Wondene arus balik kedadosan ing sekawan dinten saha gangsal dinten sasampunipun riyaya. Salebeting dinten-dinten kasebat gunggung kendaraan ing saben dintenipun saged nggayuh sedasa ewu langkung. Sinaosa jejel riyel, Kasatlantas aprajanji mboten badhe mindhah jalur. Kasatlantas ugi mrayogakaken supados sedaya pemudik ingkang badhe langkung ing Kabupaten Temanggung supados langkung ngatos-atos saha langkung nengenaken kawilujengan, ngemuti ratan ing Temanggung mboten patos wiyar saha menggak-menggok. Kajawi menika nalika wanci dalu lampu ing ratan kapetang taksih sekedhik. Ugi prelu dipun waspadani ugi pedhut ing wanci enjing saha sonten. (Rahardian Setiawan - Temanggung)



Tidak ada komentar:
Posting Komentar